Monday, November 11, 2013

Paribasan untuk kelas 3


Adigang, adigung, adiguna = Ngendelaké kakuwatané, kaluhurané lan kapinterané
Ana gula ana semut = Panggonan sing akèh rejekiné, mesti akèh sing nekani
Anak polah bapa kepradah = Tingkah polahé anak dadi tanggungané wong tuwa
Becik ketitik ala ketara = Becik lan ala bakal ketara ing tembe mburine
Diwenehi ati ngrogoh rempela = Wis diwènehi sethithik, malah njaluk kang akeh
Emban cinde emban siladan = Pilih kasih ora adil
Esuk dhele sore tempe = Wong kang ora tetep atine (mencla - menclé)
Golek banyu bening = Meguru golèk kawruh sing becik
Idu didilat maneh = Murungake janji sing wis diucapaké
Jer basuki mawa béa = Samubarang gegayuhan mbutuhake wragat.
Kacang ora ninggal lanjaran = Kabiasane anak niru wong tuwané.
Kebo kabotan sungu = Rekasa merga kakèhan anak.
Kebo nusu gudel = Wong tuwa jaluk wuruk wong enom.
Ketula-tula ketali = Wong kang tansah nandhang sengsara.
Mikul dhuwur mendhem jero = Bisa njunjung drajat wog tuwa.
Nabok nyilih tangan = Tumindak ala kanthi kongkonan wong liya
Nulung menthung = Wong kang nulung malah nggawe rekasa dhewe.
Pager mangan tanduran = Dipercaya malah ngrusak.
Rawe – rawe rantas malang – malang putung = Kabeh sing ngalangi – ngalangi disingkirake.

No comments:

Post a Comment